Tuesday 25 May 2021

GEGURITAN : MATERI BAHASA JAWA

  • Geguritan = gurita = grita = gita.
  • Geguritan iki kawiwitan saka carita Bharatayuda, Pendawa lawan Kurawa. Nalika senopatine Pendawa yaiku Bhisma, Janaka mopo / moh / ora gelem melu perang. Sebabe perang Baratayuda nek diterusake Janaka rumangsa dosa.
  • Janaka ditakoni Kresna kenapa ora gelem melu perang? Amarga Janaka nek perang anane mejahi nek ra dipejahi. Mejahi oleh dosa, nek dipejahi wong Kurawa kui sedulure dewe. (Perang Barathayuda anane mateni nek ra dipateni).
  • Baratayuda iku papane kanggo ngilangake tindak angkara murka.
  • Tembang kresna nalika ngandani Janaka inggih menika Bhagawat Gita (tembung sing apik banget kanggo ngewei piwulang) kanggo ngrayu Janaka melu perang.
  • Larikan tembang macapat / tengahan = gatra
  • Larikan tembang gedhe (basa kawi) = pada dirge. Dirga artine dawa.
  • Dirgahayu artine slamet sing dawa.


Wednesday 19 May 2021

MATERI BAHASA JAWA: PIDATO

  • Pidato inggih menika ngedalaken sedaya paunek - unek (raosing manah miwah penggalihipun kanthi tetembungan ingkang manuhara). Manuhara --> kepenak dirungoake.
  • Pidatone Bung Karno = Di bawah bendera Revolusi
  • Orator = ahli pidato
  • Jenis - jenise pidato:
    • Pidato resmi: Basane kudu krama. Contone: Pidato manten, pidato ulang tahun (Ulang Tahun SMA Negeri 1 Purworejo) lsp.
    • Pidato setengah resmi: Basane bisa campur campur. Bisa ngoko, lan krama. Contone: Pidato pengetan natalan, dinten kartini, mauled nabi.
    • Pidato ora resmi. Basane bisa ngoko / krama. Contone: Pidato RT kang ndadak.
  • Syarat - syarat pidato ana 4:
    • Carane nganggo sandhangan
    • Carane ngadeg
    • Carane nyekeli mikrofon
    • Carane pidhato
  • Tanggap warsa = pidato pengeten manungsa (contone: ulang tahun).
  • Ambal warsa = pidato pengetan kadadean / peristiwa (contone: Hari Kartini, Hari Pahlawan lsp).
  • Cara nyebut bapak / bapa - bopo:
    • Kelungguhan / kedudukan disebut bapak (contone: Bupati, camat, kades, kepala sekolah lsp).
    • Asma / jeneng disebut bapa / bopo.


GEGURITAN : MATERI BAHASA JAWA

Geguritan = gurita = grita = gita. Geguritan iki kawiwitan saka carita Bharatayuda, Pendawa lawan Kurawa. Nalika senopatine Pendawa yaiku Bh...