Wednesday 31 March 2021

BAHASA JAWA: LAWANG SEWU

Ana ing Kutha Semarang akeh papan kang bisa kanggo plesiran. Salah sijine plesiran menyang Lawang Sewu. Awit saka Pemerintahan Kolonial Belanda, Semarang awujud kutha sing gedhe. Buktine ana wewangunan gedhe lan megah yaiku perusahaan kereta api pusat kasebut NIS utawa Nederlandsch Indishe Spoorweg Naatschappij. Kang ngerancang gedhung iki yaiku arsitektur saka Belanda, jenenge Prof. Jacob F. Klinkhamer lan B.J. Queendag. Gedhung iki kasebut Lawang Sewu dening warga Semarang amarga nduweni lawang kang cacahe akeh banget udakara sewu lawang.

Lawang Sewu cedhak karo Monumen Tugu Muda, dadi ora kangelan anggonmu nggoleki papan iki. Lawang Sewu miturut catetan sejarah dibangun wektu taun 1903 lan diresmikake tanggal 1 Juli 1907. Bangunan iki sawise Kemerdekaan dadi kantor pusat kang werna – werna. Pemerintah Kota Semarang ngalebokake Lawang Sewu dadi salah sijine cagar budaya, amarga Lawang Sewu uga dadi papan paprangan antarane Pemuda AMKA karo Kompetai lan Kido Buati Jepang.


GEGURITAN : MATERI BAHASA JAWA

Geguritan = gurita = grita = gita. Geguritan iki kawiwitan saka carita Bharatayuda, Pendawa lawan Kurawa. Nalika senopatine Pendawa yaiku Bh...