Saturday 30 January 2021

CONTOH PIDATO BAHASA JAWA (SESORAH)

SESORAH BASA JAWA KANTHI TEMA

“BUDAYA INDONESIA”

Assalamu’alaikum wr. wb.

1. Ibu Budiastuti Sumaryanti, M. Pd, Ingkang tansah pinundhi.

2. Para tamu undangan, dalah Bapak Ibu Guru ingkang kula mulyakaken.

3. Sarta kanca-kanca ingkang kula tresnani.

Langkung rumiyin sumangga kita sareng-sareng muji syukur wonten ing ngarsa Dalem Gusti Ingkang Akarya Jagad, ingkang sampun paring pinten – pinten rahmat, taufik, hidayah saha kanikmatanipun dhateng kita sedaya. Pramila saking punika kita sedaya saged kempal wonten ing mriki kanthi rahayu wilujeng mboten kirang setunggal punapa. Amin.

Saderengipun, keparenga kula cumanthaka matur wonten ing ngarsa bapak, ibu, kanca-kanca sedaya ing adicara punika. Salajengipun, kula ngaturaken agunging panuwun dhumateng sedaya awit sampun kersa rawuh wonten ing adicara punika. Mugi-mugi, adicara kanthi tema “Pelestarian Budaya Bangsa, Mengokohkan Persatuan dan Kesatuan” punika saged kaleksanan kanthi wilujeng.

Bapak, ibu, ingkang minulya,

Indonesia kondhang awit saking maneka warni budayanipun, amargi kathahing pulo ingkang wonten ing Indonesia, saking Sabang dumugi Merauke nandhakaken Indonesia nggadhahi adat – istiadat ingkang kathah sanget. Basanipun kemawon cacahipun dumugi atusan. Dereng malih dipungunggum kaliyan kesenianipun tuwin tradisinipun. Salah satunggaling ingkang misuwur inggih punika tembangipun. Tembang-tembang punika mboten namung dipuntembangaken, ananging sampun dados identitas tuwin jati dhiri dhaerahipun piyambak piyambak. Menawi wonten tiyang ingkang nyebataken tembang Anging Mamiri, penggalih kita temtu tumuju dhateng dhaerah Sulawesi Selatan. Semanten ugi menawi kita nyebataken tembang Rasa Sayange. Penggalih kita temtu tumuju dhateng Kepulaun Maluku ingkang endah. Dados, mboten ngungunaken menawi kathah Nagari ingkang rumaos meri kaliyan nyobi-nyobi ngakeni menawi budaya kita menika dados kagunganipun.

Bapak, ibu, ingkang kinurmatan,

Kathah cara kagem kita ngawekani budaya kaliyan adat istiadat ingkang benten-benten kasebat. Tuladhanipun kanthi cara tepa salira satunggal kaliyan satunggalipun, utawi ngurmati satunggal kaliyan satunggalipun. Kados pundi kemawon budaya dhaerah sanesipun punika ugi salah satunggalipun budaya bangsa kita. Budaya Nuswantara ingkang kedah dipunlestantunaken. Mboten sarana ngawon-awon antawisipun budaya satunggal tuwin budaya sanesipun wonten ing nagari Indonesia menika. Kanthi sesanti “Bhineka Tunggal Ika” ingkang ngandhut ateges benten-benten nanging tetep nyawiji. 

Bapak, ibu, ingkang kula mulyakaken,

Pramila saking punika sumangga kita sareng-sareng nyenyuwun dhateng Gusti, mugi-mugi pengetan punika saged migunani sedayanipun, sarta mugi-mugi Nagari kita tansah keparingan ayem, tentrem, karta raharjo. Sumangga kita mbangun Nagari kanthi adil lan makmur. “Merdheka!! Merdheka!!”

Cekap semanten atur kula, sedaya lepat saha kekiranganipun kula nyuwun agunging pangaksami. Maturnuwun awit saking kawigatosanipun. Wasana sugeng lelenggahan kanthi merdikaning penggalih wiwit purwa, madya, dumugi wasana.


Wabilahitaufik wal hidayah,

Wassalamu’alaikum wr.wb.


GEGURITAN : MATERI BAHASA JAWA

Geguritan = gurita = grita = gita. Geguritan iki kawiwitan saka carita Bharatayuda, Pendawa lawan Kurawa. Nalika senopatine Pendawa yaiku Bh...